}
Free Atom Cursors at www.totallyfreecursors.com
Setelah itu copy kod JieZunaE: PAMBAGHARJO

Rabu, 07 Mei 2014

PAMBAGHARJO

KAWINAN
ATUR PANUWUN

Assalamu’alaikum Warohmatullahi Wabarokatuh. Nuwun, Kanti ngunjukaken raos pujo lan puji syukur almandulillah saha tansah nyuwun lumunturing sih rohmat saha berkah saking gusti Allah SWT, mugi dipun parengaken angen kulo badhe hanetepi darmaning asepuh hangemah – emahaken anak kulo pambanjeng, inggih pun :

Adam

dhaup kaliyan

Hawa

Inggih awit saking puniko sadereng lan sasampunipun keparengo kulo sakulowargo nyuwun agunging pangapunten dene kumowatun ngawuhaken panjenengan, ingkang tundhonipun kulo suwuni sih pitulungan mugi kerso paring seserepan, iguh ratikel saha sanes-sanesipun, angen kulo badhe hamengku dhamel benjing ing dinten : Sabtu Pon suryo kaping : 29 Desember 2008 wanci tabuh : 10.00 WIB mapan ing gedung “puri putri “  Boyolali . Awet Kulo Saestu ngumaosi cupet ing samukawisipun, ingkang puniko kulo ngaturaken agunging panuwun . Salajengipun keparengo panjenengan kulo suwun dados panitya pahargyan tasyakuran penganten wiwit puwo ngantos wusananing dhamel anggen kulo miwoho ngemah – emahaken anak kulo kasebat ing nginggil. Mboten sanes sadoyo kala wau kanti panyuwunan saha panggajap sagedho lancak sae, wilujeng ing sadayanipun saha mboten sanget-sanget sarudinulu ing ngakatah . Ingkang puniko mugi wonteno kalonggaran panjenengan saha tansah pikantuko ridho saking gusti Allah SWT . Amien , Ya Robbal Alamin . 
Wassalamu’alaikum Warrohmatullohi Wabarakatuh .


Atur Kulo Kekalih

Suroso

TULADHA PAMBIWARA HAMICARA

Tuladha ature pambiwara ana ing Pahargyan prasaja kang ora migunakake tatacara panggih. (tembung-tembung kang kagunakake nganggo basa jawa kang prasaja).

BISSMILLAHI RAHMANIRRAHIM
Assalamu’alaikum warahmatullahi 
Kawula Nuwun

Para sesepuh, para pinisepuh ingkang dahat kinabekten
Para bapak, para ibu saha para tamu sinedhahan ingkang satuhu kinurmatan
Sumrambahipun para kadang mitra sutrisna, ingkang kinurmatan ugi

Nuwun, mugi wonten kepareng panjenengan sadaya, keparengna kula sumela atur, ingkang ngirangi raos sekeca panjenengan sadaya ingakang nembe wawan pangandikan, inggih awit nuhoni panyuwunipun bapa Iriyanto sakulawarga, ingkang saperlu ngaturaken menggah lampah-lampahipun tatacara pahargyan, ingkang badhe katindakaken wonten ing dinten punika, dinten Setu Wage, surya kaping 16, wulan Januari, tahun 2010,

Hananging saderengipun kula nglajengaken atur, mangga panjenengan kula ndherekaken ngunjukaken dongo pamuji mring ngarsa dalem Gusti Ingkang Maha Kawasa, inggih awit peparingipun sih wilasa saha nugroha, pramila wonten ing siang punika panjenengan kula saged nuhoni panyuwunipun bapa Iriyanta sakulawarga, ingkang kinen paring donga pamuji saha panjurung pangestu, anggenipun bapa Iriyanta kepareng badhe ngijab-qobulaken putra pawestrinipun, ingkang nama kusumaning ayu rara Zan Ika Rahmawati, AMd.,

Ingkang badhe jinatukrama dening bagus Muthowif Saiful Amri, AMg, atmaja putra bapa H. Masruri, AMa-Ibu Hj.
Kayatun, ingkang pidalem wonten ing Sekip, RT 01/08, Kadipiro, Banjarsari, Surakarta.
Salajengipun keparengna kula ngaturaken menggah lampah-lampahing tata cara pahargyan wonten ing Siang Punika. Minangka purwakaning tatacara pahargyan inggih menika Pambuka, salajengipun katindakaken tatacara pasrah panampi, sasampunipun tata cara pasrah panampi tumuli katindakaken tatacara ijab Qobul. Wondene tata cara salajengipun atur pambagya harja, tatacara ingkang pungkasan, Paripurnaning Pahargyan.
Makaten para tamu, menggah lampah-lampahipun tatacara pahargyan prasaja wonten ing siang menika, mugi Gusti Ingkang Maha Kawasa tansah paring pangayoman. Dumateng para tamu, keparenga hanyekecakaken anggenipun lelenggahan ngantos paripurnaning pahargyan menika, nuwun.

PAMBUKA

Pasa sesepuh para pinisepuh, para tamu kakung saha putri ingkang satuhu kinurmatan, minangka pratanda purwakaning tatacara pahargyan wonten ing siang punika, mangga panjenengan kula dherekaken maos basmallah. Bismillahi rahmani rahim

PASRAH PANAMP

Para tamu kakung saha putri ingkang satuhu kinurmatan. Tumapaking tata cara salajengipun inggih menika atur pasrah lamaran.kalajengaken panampi. Pasrahipun badhe penganten kakung kasarira dening bapa Agus Nuryanta, SPd., Jumenengipun bapa Agus Nuryanta, SPd., kapit bapa Bino saha bapa Ihsan Muhtadi. 
Wondene ingkang kasuwun hanampi pasrahing badhe penganten kakung inggih menika bapa Maryadi. Jumenengipun bapa Maryadi kaapit bapa Jibran Syah saha bapa Barli Syarif.
Katur dumateng par paraga ingkang piniji wekdal saha pandoyo wara kaaturaken. Sumangga
IJAB QOBUL
Para tamu ingkang satuhu kinurmatan. Tumapaking tatacara salajengipun inggih punika Ijab Qobul, wondene ingkang kasuwun hamratitisaken lampahipun tatacara Ijab Qobul inggih punika bapa Samsuri Rois, Menawi sampun satata samudayanipun wekdal sacekapipun kaaturaken. Sumangga.
Para tamu ingkang satuhu bagya mulya, sampun paripurna tatacara ijab qobul. Dumateng petugas saking KUA Kecamatan Pasar Kliwon, konduripun dherekaken wilujen, mugi tansah manggih rahayu.
Salajengipun mliginipun katur dumateng penganten kekalih, mugi-mugi Allah ngempalaken ingkang pisah saking kekalihipun, paring barokah dumateng kekalihipun saha ndadosaken anak turunipun langkung sae, saged mbikak lawange rahmad, dados sumberipun ilmu, saha hikmat, saha saged maringi raos aman dumateng para manungsa. (Makaten do’a rasulullah saw nalika ngijabaken putra putrini pun Fatimah Azzahra kaliyan Ali)
Para tamu kakung saha putri ingkang satuhu kinurmatan, sinambi nyrantos tumapakipun tatacara salajengipun, katur dumateng para tamu keparenga lelenggahan kanthi mardkaning penggalih sinambi ngrahapi pasugatan ingkang sampun kaaturaken. Nuwun.

PAMBAGYAHARJA
Para tamu kakung saha putri ingkang satuhu kinurmatan, ndungkap tumapaking tata cara salajengipun atur pambagya harja. Inggih awit saking bombonging penggalih, hawit nampi karawuhan panjenengan sadaya, bapa Iryanta mboten kuwawa matur piyambak, pramila ingkang menika kasuwun dumateng bapa Dahlan Harja Taruna kinen ngaturaken menggah wigatosing pahargyan prasaja wonten ing siang punika Jumenengipun bapa Dahlan Harja taruna kaapit bapa Enggar Pujianto saha bapa Suranto.
Dumateng bapa DAhlan HT wekdal saha pandaya wara kaaturaken. Sumangga.

PANUTUP
Para tamu kakung saha putri ingkang satuhu kinurmatan. Lampahing tata cara walimatul urusy wonten ing siang punika mbokmenawi sampun ndungkap paripurna. Ingkang punika dumateng bp. Widayat saha bapa Jibran Syah kasuwun hanganthi penganten kakung, satata wonten sangajengipun kori pahargyan ingkang saperlu atur pakurmatan dumateng konduripun para tamu. Wondene ingkang hanganthi penganten putri Ibu Widayat saha ibu Jibransyah. Menawi sampun satata samudayanipun kasumanggaaken.
Salajengipun minangka pratanda paripurnanipun tatacara pahargyan wonten ing siang munika
mangga panjenengan kula dherekaken maos hamdalah. Alhamdulilah....
Dumateng para tamu, kondoripun ndherekaken wilujeng mugi tansah pikanntuk pangayomaning Gusti Ingkang Maha Kawasa, kanthi sesanti, mugi rahayu ingkang sami pinanggih widodo nir ing sambikala
.
Wondene kula ingkang hambiwarakaken menggah lampah-lampahing tata cara pahargyan wonten ing siang menika, nglenggana kathah kekirangan kawula, pramila nyuwun pangapunten.. Nuwun, matur nuwun. Billahi taufik wal hidayah, wassalamu’alaikum warahmatullahi wabarakatuh


Atur Pambagyaharja Dhumateng Tamu
Ing Pahargyan Sunatan/Tetesan

Assalamu’alaikum wr. wb.
Nuwun I
Para pinisepuh, sesepuh ingkang satuhu kula bekteni, Bapak-bapak, Ibu-ibu, saha para rawuh kakung sekaliyan garwa ingkang satuhu bagya mulya.
Kula nuwun, keparenga sumela atur, nggempil kamardikan
panjenengan sekaliyan, rikalanipun nembe wawan pangandikan. Kula minangka tetalanging tanggap wacana kalinana matur ing ngarsanipun para rawuh kakung miwah putri, bilih saking keparengipun Bp. …………. sekaliyan, kula ingkang tinanggenah ambabaraken raos pangraos ingkang mijil saking teienging manah.
Langkung rumiyin Bp. …………. sarimbit mocap puji sukur Allhamdulillah dhumateng ngarsanipun Gusti ingkang murbeng dumadi, dene saged hanjenengi pawiwahan supitan (tetesan) putranipun ingkang angka ….. nama pun ……
Kaping kalihipun, Bp. …………. sekaliyan mboten kesupen ngaturaken pambagya sugeng rawuhipun para tamu kakung sumawana putri. Bp. …………. sekaliyan ngatur¬aken gunging panuwun ingkang tanpa upami dene panjenengan sami sampun kepareng nglonggaraken wekdal saha penggalih saged hanjenengi ing pahargyan punika kanthi rila legawaning manah, saha kersa paring donga pamuji dhumateng anak kula ingkang sampun dipunkhitan. Bp. …………. sekaliyan rumaos karoban ing sih sutresna bebasan kadi lelumban wonten samodra, sakalangkung ndadosaken bombong bingahing manah.
Kaping tiganipun, mboten kesupen ngaturaken gunging panuwun ingkang tanpa pepindhan katur para sanak sadherek kadang kadeyan pamong mitra saha tangga tepalih tuwin para muda-mudi ingkang sampun kanthi rila legawa paring pambiyantu Ian panyumbang ingkang awujud punapa kemawon ingkang ndadosaken kemayaranipun ingkang hamengku gati.
Sarehning Bp. …………. sekaliyan mboten saged ngaturaken lelintu punapa-punapa, pramila sagedipun namung ngaturaken pudya pudyastuti mugi-mugi lumebering sih kanugrahaning kautaman panjenengan pikantuk lelintu kanugrahaning Pangeraningkang langkung ageng.
Kaping sekawan, Bp. …………. sekaliyan nyuwun gungan dhumateng panjenengan sadaya kersaa paring puji pangastuti wilujeng, mugi putranipun ingkang mentas dipunicali sukeripun tansah manggih widada nir ing sambekala, tundhonipun kadiwasaning lare kasebat mangertos tanggel jawab, bekti dhateng para sepuh Ian murakabi mring bebrayan kathah, labuh labet dhateng bangsa Ian nagarinipun. MBok bilih: wonten kiranging trapsila anggenipun ngacarani rawuh saha mapanaken lenggah dhumateng panjenengan sadaya, kiranging trapsila saha bojakrama para sanak sadherek ingkang tinanggenah among rawuh, kiranging trapsila para sinoman anggenipun nglantaraken bojakrama, wonten kuciwaning pasugatan lan lelangen, kersaa para tamu paring agunging samodra pangaksami.
Ing wasana, para tamu kasuwun kanthi sanget keparenga anglajengaken anggenipun sami pinarak lelenggahan kanthi sukaning manah sinambi ngrahabi sadaya pasugatan Ian lelangen ingkang katur dhumateng ngarsa panjengan sami, ngantos paripurnaning pahargyan prasaja punika. Minangka puput pepuntoning atur, mbok bilih anggen kula ngaturaken tanggap wacana pambagya harja punika taksih kathah cicir cewet kuciwaning atur, saha kirang trapsila, kirang Ian cupeting pangertosan kula, mugi para tamu kersaa anglunturaken gunging samodra pangaksama.Akhirul kalam, biilahit taufiq wal hidayah.
Wassalamu’alaikum wr. wb.
Nuwun!
Atur Pamitan Lengser Saking Pamiwahan

Assalamu'alaikum wr.wb.
Nuwun, para sesepuh, para tamu kakung putri ingkang luhuring budi. Nyuwun pangapunten, kula parikedah angridhu anggen panjenengan wawan pangandikan, sumela matur ing ngarsanipun Bp..........kekalih saha para tamu sadaya.
Syukur alhamdulillah, dene dhaupipun penganten sampun kalampahan kanthi wilujeng nir ing sangsaya, awit saking rahmating Pangeran saha puji pangastutinipun para tamu sadaya.

Kula kautus nyowanaken penganten sarta anyeksensi dhaupipun. Rehning sadaya sampun paripurna boten kirang satunggal punapa, mugi kalilanana kula sarowang medal pasilan, daya-daya matur ing ngarsanipun Bapak......sekaliyan, bab purnaning sadaya ingkang kados sesanggeman kula.
Wonten atur lan patrap kula sakanca ingkang boten mrananing ing penggalih panjenengan sadaya, kula nyuwun agunging pangaksami. Sapengker kula sakanca mugi rahayu widada ingkang sami pinanggih. Kula nyuwun palilah lan nyuwun pamit. Nuwun.

Wassalamu'alaikum wr.wb.



Atur Masrahaken Penganten Sowan Partuwi Tiyang Sepuh
(Sepekenan Penganten)
Assalamu'alaikum wr.wb.
Kula nuwun, 
Kula sesulihipun Bapak..............kepareng matur ing ngarsanipun Bapak............sarimbit ingestrenan para sesepuh saha para tamu kakung putri.
Nuwun, Bapak.........kekalih, penganten sarimbit sampun lerem sawetawis ing dalem Atmorejan (dalemipun Bapak Atmorejo) sawetawis dinten
Sampun ngantos adamel kapanging kaluwarga Danudirjan, ing titi punika kula kadhawuhan dening Bapak............sekaliyan nyowanaken penganten sarimbit, ingombyongan sawetawis kadang kaluwarga.
Kula titipaken anak kula kekalih ing panjenengan, nalikanipun wonten ing dalem panjenengan, borong anggen panjenengan nggulawenthah, suka piwulang, amrih kekalih sami cekap pesangonipun kangge mengku balewisma saprayogining kaluwarga.
Sumangga penganten sarimbit kula aturaken ing asta panjenengan kekalih. Wonten kirang trapsila anggen kula sowan sakanca, mugi keparenga angluberaken samodraning pangaksama. Nuwun,

Wassalamu'alaikum wr.wb.



Atur Panuwun Dhateng Para Takjiyah Nalika Kesripahan

Assalamu'alaikum wr.wb.
Inna lillahi wa inna ilaihi roji'un.
Sadaya punika kagungangipun Pangeran, mila ugi badhe wangsul dhateng Pangeran.

Para takjiyah-takjiyin ingkang kula kurmati, kula hangaturaken sugeng rawuh.
Matur nuwun dene panjenengan sadaya sampun kepareng rawuh, suka pratandha tresna panjenengan dhumateng kulawarga.......temah saged nglipur angenthengaken awrating raos, dene katilar wangsul katimbalan dening Pangeran ingkang Maha Kuwaos. Dhumateng sanak kadang tangga tepalih, kula ngaturaken sanget agenging panuwun awit saking keparengipun paring pambiyantu punapa kemawon, satemah bot repot ingkang dados sesanggeman kula dados entheng, sadaya lumampah gancar lan prayogi.
Para takjiyah-takjiyin,
Bp/Ibu/Sdr/Sdri...................sampun kapundhut wangsul dhateng ngarsaning Allah SWT. Ingkang punika mbok manawi nalika sugengipun anggadhahi kalepatan dhumateng panjenengan sadaya, kulawarga anyuwunaken pangapunten. Dene mbok manawi taksih wonten sanak sadherek ingkang taksih njanggel petangan kaliyan almarhum/almarhumah........... mugi keparenga tumunten anuntasaken dhateng kulawarga ingkang katilar. Makaten supados lampahipun suwargi katimbalan marek ing ngarsaning Pangeran boten semang tumolih, kalis ing rubeda punapa kemawon.

Para takjiyah-takjiyin ingkang kula kurmati,
mboten langkung nyuwun, tambahing pandonga, mugi-mugi alusipun Bp/Sdr.......katampiya kanthi sukarena dening Pangeran, kaparingana pangapunten sadaya dosanipun, kapapana ing panggenan ingkang prayogi. Dene kulawarga ingkang tinilar mugi
kaparingana manah ikhlas, tetep tawakal lan sabar, sageda nelad lan nglestarekaken ngamal saenipun ingkang sampun suwargi.

Samanten para takjiyah-takjiyin, wonten atur kula ingkang kirang prayogi, nyuwun pangapunten.

Wassalamu'alaikum wr.wb.


Tidak ada komentar:

Posting Komentar